Blogger Template by Blogcrowds.

Ngengingi dinten basa ibu internasional, tanggal 21 Februari 2008 sapunika, kula badhe nyobi nyerat basa Jawi. Kula piyambak tiyang Jawi, basa ibu kula inggih basa Jawi, kedahipun saged nyerat basa Jawi. Tiyang Jawi prayoginipun saged basa Jawi, ngoko kaliyan krama. Ananging kasunyatanipun kathah tiyang enem ingkang boten lancar migunakaken basa Jawi. Kula salah setunggalipun, haha. (Buktinipun tiyang Jawi kicalan jawinipun?? Mugi-mugi boten.)

Gandheng basa Jawi krama kula inggih boten sae (nyerat posting punika betah setunggal jam-an), kula kinten cekap semanten atur kawula punika. Ngaturaken Sugeng Mengeti Dinten Basa Ibu Internasional, mugi-mugi basa Jawi tetep lestantun, dipun uri-uri kaliyan tiyang Jawi piyambak lan sutresnanipun.

Jenang sela wader kalen sasondheran, apuranta menawi wonten kalepatan. Nuwun.

16 Comments:

  1. tes said...
    someone: "mbak, nyuwun kawelasan..."
    nina: "sanese !!!"
    Apale mung kuwi ...
    Anonymous said...
    Njanur Gunung...
    Panjenengan nyerat basa jawi..

    Leres niku kedahipun tiyang jawi saged basa jawi.
    Mugi-mugi mboten dados tiyang Jawi ingkang kicalan jawinipun.

    Kepareng.. Nuwun....
    ninaz said...
    @zen,
    kui jenenge "krida ing lumahing asta" haha..

    @ahmed,
    sarujuk med..
    escoret said...
    dadi,kowe sido mantenan bulan iki..???






    *terkejut*
    Anonymous said...
    dumateng ndalem kasuhunan, kawula badhe mboten nyerat, nggih punika penganan engkang kathah serat-ipun. menika dawuh gusti, pating pechotot dipun maklumi.

    dalem namung saged basa jawi pasif, mboten aktif, nyuwun pangapunten.
    actually not able in both oral and written lah.
    nuwun, pareng, mbakyu...
    Anonymous said...
    Meniko dalem badhe tumut nyangkem kemawon. Saktemenipun dalem njih mboten saget basa Jawi saestu. Ananging dalem bingah sanget sampun diparingin panggen kangge nyangkem wonten mriki. **halah, kemringet drijiku**
    Anonymous said...
    Nin, dengan memohon maaf sebesar2nya, komen saya tulisan dalam bahasa Indonesia.
    Saya bukan orang Jawa, jadi bahasa Ibu saya juga bukan bahasa Jawa, tapi karena sedari kecil tinggal di Jawa, ya akhirnya saya juga belajar tentang Bahasa Kromo inggil, which i only know a little..tapi kalo orang ngomong ya ngerti deh..:P
    ninaz said...
    @escoret,
    karepmu ah

    @puput,
    aku jane yo podo kowe put..

    @goenrock,
    haha, matur nuwun sampun mampir...

    @stey,
    lho hari bahasa ibu gak cuma buat bahasa jawa lho mbak..aku wae basa krama grotal-gratul, haha..
    sesy said...
    spechless................
    Anonymous said...
    urang mah terserah neng aja..
    teu nyaho eui..
    hahaha...
    Anonymous said...
    hmm ... dalem ugi nyerat matur nuwun ... halah ... mboh ah ...
    Nining Sutrisnaningsih said...
    nak kulo nggih mboten fasih mengaten.. cuman nggih ngonten ngonten niki.. mboten sing inggil inggil banget.. sanajan kulo cilik'ane sampun ting prumnas..
    dados nggih kromone nanggung lan tasih gemadung..
    isino cecek cecek ning ngisor iki.
    ......
    ninaz said...
    @sesy,
    biasa wae ses..

    @alfin,
    tararahu tararempe...

    @[h]Yudee,
    sami2 yud..

    @nining,
    isino cecek2 ki lucu ya...sijine "wacanen kang patitis"..
    Anonymous said...
    blank.. mo komentar apaan!!!
    Anonymous said...
    lha kulo terus tumut sinten meniko??
    Anonymous said...
    This comment has been removed by a blog administrator.

Post a Comment



Newer Post Older Post Home